Anda Bisa Mengirimkan Berita Peristiwa Seni Budaya Tanah Air. Kirim ke WhatsApp Redaksi Hatipena : 081217126600 ------ Anda Bisa Mengirimkan Berita Peristiwa Seni Budaya Tanah Air. Kirim ke WhatsApp Redaksi Hatipena : 081217126600 ------ Anda Bisa Mengirimkan Berita Peristiwa Seni Budaya Tanah Air. Kirim ke WhatsApp Redaksi Hatipena : 081217126600 ------ Anda Bisa Mengirimkan Berita Peristiwa Seni Budaya Tanah Air. Kirim ke WhatsApp Redaksi Hatipena : 081217126600 ------ Anda Bisa Mengirimkan Berita Peristiwa Seni Budaya Tanah Air. Kirim ke WhatsApp Redaksi Hatipena : 081217126600

Hokyaa Bojleng

March 9, 2025 12:57
IMG-20250309-WA0085

Oka Swastika Mahendra

Wulan saiki
Kabeh suci
Mencorong rai
Manther Gusti
Nyuwun muwun
Dosa digetun
Mbesuk e sampun
Sampurna nyuwun

Apuranta yena
Lepat ngambra
Dosa matumpa
Manuksma nglenggana
Mbusak tata
Matingkah mbuta
Watak denawa
Srakah gandarwa

Hokyaa bojleng
Jampeng giweng
Manggala gendeng
Kawula ngengleng
Raup eling
Sawetara neng
Setan belang
Dipasan njengkelang

Eling yayi
Sesuk e janji
Bakal bali
Wis dicukupi
Anggonmu lali
Ing saiki
Siyam iki
Nembah Gusti

Sing mbiyen
Setan bekasakan
Watak brangasan
Sembahyang angotan
Maling cilik cilikan
Negara dipangan
Duwit rayahan
Saiki tanggungen
Pangestuku neng gantungan

Wis ya
Sugeng pasa
Korupsi wis nyukupi
Kluwarga aman mukti
Sliramu pahlawan
Trah trah tumerah
Mukti kabeh
Ora papa
Pertamina bosah baseh
Negara Indonesia sugih
Mukti korupsi mu
Negara isih bawera
Duwite akeh
Danantara sugih dadakan
Kawula sengsara
Wis byasa
Byasa ndasmu

Jogjakarta 9 Maret 2025